Maskumambang Macapat

Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta

Apan kaya mangkono watekan iki
Sanadyan wong tuwa
Yen duwe watek tan becik
Miwah tindak tan prayoga

Aja sira niru tindak kang tan becik
Nadyan ta wong liya
Lamun pamuruke becik
Miwah tindake prayoga

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang

Maratani ing anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Aja na kang kumawani
Ing bapa tanapi biyang

Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Marang yayah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah

Mugi Alloh ingkang maha asih
Tumunten paringa
Pepenget kang padha lali
Elinga mring kautaman

Uripira pinter samubarang kardi
Saking ibu rama
Ing batin saking Hyang Widhi
Mulane wajib sinembah

Putri cina gelangsaran melas asih
Mala kelaswara
Pedhangen juren wak mami
Aja andedawa lara

Narimaa yen nuju nampa seserik
Awit sira uga
Lali nggonmu gawe serik
Elinga purbaning sukma

Tagged with:
Maskumambang
More Docs