Ketawang Puspawarna

Kembang kencur kacaryan hagung cinatur
Sedhet kang sarira, gandhes ing wiraga
Kewes yeng ngandika, hangengayut jiwa

Kembang blimbing pinethik bali ing tebing
Maya-maya sira, wong pindha mustika
Turuning kusuma pathining wanodya

Kembang duren sinawang sinambi leren
Dalongop kang warna sumeh semunira
Luwes pamicara hangengut driya

Kembang aren tumungkul aneng duren
Sandunge kula mulat ing paduka
Hanganggit puspita, temuhan wiyago

Tagged with:
ketawang
More Docs