E endah temen megane putih memplak mayungi gunung-gunung la-la
pancurane katon banyune ben mili mintir mring sawah tan ana cicir
pari jagung ketela pohong kacange canthele grojogane sor-sor
sah-sah anggesah gertak manuk
per-per-per kleper manuke mebur
Angripta rengganing gunung
imbange jurange yen kadulu saking tebih
warna biru maya-maya
watune alase kang jenar sinawat wilis
e e gawe lam-laming paningal
lo-lo suwe-suwe nanduki rasa respati
Gropak panggusahing manuk
prak-prak-prak swarane mangka rerenggane sabin
nggentiyong memedi sawah
yut siyut ing manting sinendhal katiyub angin
e e pranyata banget piguna
lo-lo suwe suwe agawe mirise peksi
Tandur subur banyu mancur sor-sor-sor
cik kricik angelepi sabin sabin
pra tani anggula wenthah
net 3x det 3x galengan ginawe gilig
e-e mimbuh lawuh tuwuh sawah
lo-lo suwe-suwe yuyu welut kodhok wilis
Pinancing pancing sinuluh
Prêt cepret yot theyot wader cethul
Kang nguntuli pra pangon bebek lan menda
Lang tholang gitike agawe nuding anggiring
E e neng dhadhah pinggiring sawah
Lo lo suwe jenak tancep pinggir kali
Ngecomong calemongipun
Tur gumun setaun ner weteh kaya ndaleming
Ki Sabda denya amulet
Anjembleng sarendheng awit purbaning Hyang widi
E e mantheng kiblating panembah
Ya ya aja kendhat sungkem mring Hyang Maha Suci